Minggu, 29 Oktober 2017

DUDU BOJO GALAK, BOJOKU BAGUS


Dina iki dak nyetatus nganggo basa Jawa, ben ketok kekinian. Judul tulisan iki ojo diprotes. Aku nulis, nulis karepku dewe, terinspirasi saka obrolane kanca-kancane bojoku. (sik sik, tak siapke kaca pengilon karo bedak…)

Mau bengi, aku lan anakku lanang sing bagus dewe dijak bojoku reuni karo kanca-kanca SMA-ne. Gandheng aku ya wis kenal karo kanca2ne bojoku, aku ora duwe rasa kikuk babarblas.

Kanca-kanca SMA sing arang-arang ketemu bojoku, mesthine nyawang bojoku saiki karo jaman 27 taun kepungkur  rumangsa beda banget. Malah ana sing pangling, ora kelingan blas.

Pancen dak akoni, beda adoh. Ora usah dak sebut bedane neng endi. Njaluk ngapura, foto orasah dak pajang, mengko ndhak padha kaget lan takjub. Wowwww, mripate terus dadi bunder kepleng.

Sing marai mrinding lan ser-seran atiku ukarane kanca-kancane bojoku, ngene iki,
“Budi ki mbiyen zaman SMP lan SMA bagus banget. Nganti akih sing naksir.”
Mak prempeng, dak akoni bojoku pancen bagus.

Foto zaman SMP, SMA lan kuliah dijejer jentrek-jentrek. Dhenok karo thole nate takon,
“Mi, niku fotone sinten?”
“Tanglet Ayah mawon.”
Sing rumangsa duwe foto rada-rada GR mesam-mesem.
Wis, aku mung arep nyetatus BOJOKU BAGUS.

*****
Mula aku gumun karo lagu sing mbukak aib bojo lan kawuarga neng umum. Lagu sing kerep aku krungu. Gek malah mau bengi nunut numpak mobil kancane bojoku, lagu sing diputer bola-bali, yaiku : BOJO GALAK. Ora, bojoku ora galak, ananging BOJOKU BAGUS..

#kahfinoer

Tidak ada komentar:

Posting Komentar