Sabtu, 08 Oktober 2016

SOTO RASA KAMPLENG | Kahfi Noer

SOTO RASA KAMPLENG
Sapa sing orang kenal Maharani? Wong wadon sing mlebu Grup Trio Kwek-kwek Plus kuwi lo. Nang perguruan silat wis kondhang jenenge. Maharani kancane Govinda, Akhsay lan Sanjay.
Esuk iki jan-jane Maharani prie kelas. Nanging ana tugas sing ora isa ditinggal. Dheweke mlebu sanadyan sirahe mumet, irunge meler merga flu. Neng perguruan acarane mlaku-mlaku. Bubar mlaku-mlaku, Maharani wis ora isa ngampet luwe, sirahe senut-senut. Mula Maharani metu karo Kareena arep golek seger-seger/anget-anget nang cedhak rumah sakit. Sire kanca-kanca ya arep nututi wong loro mau.
Nalikane nyruput soto, ana sms mlebu. Isine : kanca liyane ora sida metu merga “Tertangkap basah dan tertangkap kering” Ketua guru. Pesene njaluk digawakke es teh telung wungkus.
Tekan perguruan, Maharani lan Kareena dikon ngadhep Ketua Guru. Kaya adat sabene Ketua Guru muni-muni (mripate abang mbranang), menehi tausyiah utawa ceramah ra mutu. Kareena ndhingkluk. Maharani mandeng mripate Ketua Guru. Ndhisike Ketua Guru ngandhani sing umum-umum, suwening suwe Ketua Guru ngomong, “Ibu Maharani, kalau diajak bicara selalu menatap langsung ke mata saya dengan mata mencereng seperti menantang. Itu tidak sopan dilakukan pada pimpinan.”
Ngono, Ketua Guru ngomong karo nuding-nuding neng raine Maharani. Walah, kuwi malah sansaya ora sopan.
Maharani mesem, jan-jane arep ngomong,”itu cara saya berinteraksi dengan lawan bicara dengan menatap langsung mata lawan bicara.”
“Sikap Ibu Maharani seperti itu.”
Gandheng wis kulina diseneni, Maharani wis kebal. Mbuh duwe ilmu kebal golek saka gunung ngendi? Apa Maharani pasang “susuk”?
Intine, Maharani ora entuk metu saka perguruan. Kon ngampet luwe sedhilit wae wong wis dipikirke. Wis dicepakke. Nang perguruan iki mung ana “satu komando”. Batine Maharani, satu komando dapurmu kuwi. Aku ki lara, tak rewangi mlebu perguruan, mung arep mangan mikir wetenge dhewe tur ya wragad dhewe, yaelaaa ndadak nunggu komandhone Ketua Guru. Umpama aku kejet-kejet kliyengan merga kaliren apa ora mesakke?
Nek ngerti kaya ngene, mau orasah mlebu. Tidur manis nang omah, ngrancang sesuk arep dolan nang Candi Boko malah apik.  Genah flune mari. Mangan soto mau jan-jane enak, saiki kok malik Soto Rasa Kampleng, jiannnn.
Urip iki mung saderma mampir ngombe, ngombe karo nyoto yarwe-yarwe (mbayar dewe). Urip iki digawa kepenak lan gampang. Dadiya wong sing seneng gawe gampang urusane liyan. Sapa sing gawe gampang urusane liyan, bakalan diparingi gampang menawa lagi kangelan.
Ya wis, tutuge sesuk maneh.
Iki crita ora tenanan. Basa Indonesiane fiksi. Menawa ana jeneng, papan, wektu lan kedadean sing padha, kuwi mung ngepasi wae. Crita iki ora disengaja nyinggung sapa wae. Yen ana apike kuwi le nulis mikire tenanan, yen ana lupute kuwi pancen sing nulis karo sirahe isih rada mumet.
Matur nuwun. #CeritaMaharani
Karanganyar hujan, 8 Oktober 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar