Selasa, 10 Januari 2023

Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa

 


Assalamu'alaikum wr. wb.



Ingkang kula hormati Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Rencang-rencang kelas enem ingkang kula tresnani.

Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kesehatan dhateng kita sedaya.


 Alhamdulillah dumugi samenika kita sedaya saged makempal wonten ing adicara perpisahan samenika.

Boten keraos kula lan rencang-rencang sampun enem taun nglampahi ngangsu kawruh wonten ing SD Negeri 3 Karanganyar mriki.



Kula, wakil saking rencang-rencang kelas enem ngaturaken agunging panuwun kagem Bapak Ibu Guru ingkang sampun maringi ngelmu dhumateng kula lan rencang-rencang. 



Wonten ing adicara menika, kula lan rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten menawi gadhah kalepatan dhateng Bapak lan Ibu guru. Amargi kula lan rencang-rencang ngakeni gadhah kalepatan ingkang dipun sengaja utawi boten dipun sengaja.



Kula lan rencang-rencang nyuwun donga pangestu, badhe nerasaken ngangsu kawruh wonten SMP. Mugi-mugi mangke diparingi kelancaran.



Mugi-mugi Bapak Ibu guru kersa paring ngapunten sedaya kelepatan kula lan rencang-rencang.



Cekap semanten anggenipun kula matur. Bilih menawi wonten atur kula ingkang lepat kula nyuwun agengipun pangapunten.



Wassalamualaikum.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar